2. Sewu samas sangalikur kaki. de umpak kang ngisor. patra siji kinarya papate. rupa papat njupuk wama ugi. dadi papat malih. gêlap siji iku.
3. Pangetungku umpake kang kori. nalikane dados. tahun sewu patangatus luweh. patang puluh punjule sawiji. kulup ingsun mirit. candrasangkaleku.
4. Radyan (n)dhêku sarwi matur aris. jatosana ingong. ingkang candrasangkala watêke. sang awiku angandika malih. kawruhana kaki. candrasangkaleku
5. Awit watêk sawiji têkaning. sapuluh wus maton. yen sapuluh êdas panulise. utawa nul ingkang angarani. ingsun wêdhar kaki. lawan wardinipun.
6. Watak siji rupa rupa yêkti. candra wulan kaot. sasi jangkêp lek nabi wudêle. sasa lintang dhara wêtêng kaki. bumi lêmah iki. buddha iku luhung.
7. Ronning godhong medi iku silit. iku buntut yêktos. dara pêksi dara sayektine. janma uwong eka tuduh siji. wak badan sa- demi. suta anak tuhu.
8. Siti lêmah wêdhen de awani. akêndêl kinaot. wungkulan wutuh wulan wardine. wulan têmên niyat iku yêkti. tunggal kabeh lirring. watak ji sadarum.
9. Gantya watak loro kang winarni. netra mripat karo. caksu iku suluhan netrane. nayana pan ulat têgêsneki. sikara tangan.dwi. buja iku bau.
10. Paksa uwang drasthi iku alis. ama pasu mangko. locana rang-uranging matane. kang carana têgês athi-athi. kama kuping kalih, karni iku sungu.
11. Miwah têgês ambaning kang kuping. anêbah jinatos. talapukaning netra kaliye. kang talingan pangrunguning kuping. mata netra ugi. len tangan alugu.
12. Lar atêgês wuluning suwiwi. anêmbah wot sinom. miwah mangabêkti ing têgêse. suku loro sikil karo kaki. gantya watak katri. kang winareng tembung.
171