16. Soma kang kaping catur. raharjadi Soma ping limeku. manggih. pati gantya Anggara winarni. Anggara ping pisan iku. satruning Allah sayektos.
17. Anggara dwi rahayu. kang Anggara kaping katrinipun. papêgatan Anggara ping caturneki. raharja Anggaranipun. ping lima amanggih layon.
18. Gantya ri Budanipun. Buda pisan manggih dosanipun. Buda kaping dwi raharja Buda ping tri. manggih pati Buda catur. raharja tan na wiraos.
19. Buda ping limanipun, satruning Hyang gantya Rêspateku. Rêspati kang sapisan amanggih tuni. Respati ping kalihipun. satruning Allah sayektos.
20. Rêspati tri rahayu. Rêspati kaping catur manggih ru. Rêspati kaping lima satruning Widdhi. wus kêmput dina pipitu. ri tanggal etang sawiyos.
21 Lamun (nd) haupkên sunu. Juwih pariu miliya kang sarju. manggih ayu raharja akeh wong tilik. iku salah siji kulup. estu datan walangatos.
22 Rahadyan malih matur. wontên tiyang mayu griyanipun. nganthêng-nganthêng ngentosi mangsa prayogi kadi paran kang kinayun. têka mangsa kang denantos.
23. Sang wiku ngandika rum. wêwateke mangsa kanggo mayu. awit Kasa tumêka Sadha-nireki. dhewe-dhewe watêkipun. piyarsakna sun cariyos.
24. Mangsa Kasa kang umur. patang puluh siji dina iku nglamat pênêt warêden barang pakarti. salamêt sarta sarêju. mangsa Karo winiraos.
25. Trilikur ari umur. ngalamate tukaran katêmpuh. pakewuh gung mangsa Katiga winarni. patlikur dina kang umur. ngalamat kobongan awon.
26. Kamalingan kablurut, mangsa Kapat slawe dina umur. nglamat luwih becik tur dinunung ing Sri. lan rêjêki tur rahayu. wrêden
anak jalu wadon.
169