Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/186

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

8. Ingsun nyangoni rahayu. winantu sakehing puji. raina wengi tan pêgat. kadyangganing toya mili. kasembadana sakarsa. lulus ing utama adi.

9. Yen sira winêngku kakung. ywa tilar lanjaran nguni. tatuadan kuna-kuna. Kadising Rasulolahi. kang amrih utamaning dyah antuka sawarga adi.

10. Kang wêkêl salaminipun. Janggêng boya owah gingsir. budinên dipun sampuma. anyingkirana saliring. kang wus ingaranan cacat. tanduk tindaking pawestri.

11. Tan kurang tuladan luhung, anggon-anggoning pawestri. jangji têmên linampahan. ingkang wus kasebut tulis. anggung kang padha iyasa. yen nganti tumêkeng nisthip.

12. Nanging kudu wruh panuju. watêk kabênêran nini. ywa nganggo bênêr kewala. iku angeling dumadi. êmpan papan duga-duga. tangi turu aywa lali.

13. Sang Dyah mangênjali matur. kakang dhawuhmu tak pundhi. datan luwih pangestunta. muga bisaa nglakoni. sadaya kang wus kawêdhar, tumancêpa sanubari.

14. Lamun kakang estu nglangut. aku(n)dherekke basuki.iya yayi dak tarima. rahadyan ngandika maring. carakanira jêng sultan. nêdha sang anindyamantri

15. Cumanthaka canthel atur. sêmbah sungkêm saha malih. titip rena miwah kadang. aywa kirang pangaksami. caraka (n)dhêku lingira. inggih anak ywa kuwatir.

16. Samya sasalaman gupuh. rara Ruhkanti ngabêkti. gya bidhal sowang-sowangan. mangkya ing Tampomas wukir. ical sênèning prawata. Jir êmbanan tanpa manik.

17. Kacarita sang rêtnayu. praptaning Crêbon nagari. tan pantara laminira. pinundhut garwa padêmi. ing sultan Carbon praja. ibu widada mong siwi.

18. Wibawa wirya kalangkung. gantya wau kang winarni. Jayengrêsmi Gathuk Gathak. udhunira sangking wukir. tansah mahawan ing arga. ing siyang dalu lumaris.

165