18. Mangka nyata ananeki. kalawan sakehing sipat. miwah sakeh- ing asmane. kalawan kang luwih nyata. karana ngalam ar- wah. kang dadi gagentinipun. Hyang Agung kang Maha Mulya.
19 Ingaran Arwah sayêkti. nur wilayah arannira. karane nama mangkono. Jair saking aibira. sanepa lare mêdal. sangking wêtênge kang ibu. lair warnane sadaya.
20. Mangka ngalam misal ugi. karane ing ngalam misal. dene dadi upamane. kang têtêp ing ngelmunira. lan nyata ananira. atanapi sipatipun. têtela ngalam ajêsan.
21. Kang ngalam ajêsan nênggih. iya kanyataaning Hyang. karana iku Hyang Manon. nyatakakên ananira. têtela ngalam ajêsan[1]. andadekakên Hyang Agung. ing anane ngalam ajêsan.[2]
22. Mangkana ananing Widdhi. kalawan kang luwih nyata. têtela jisim anane. iku paesanning Suksma. paesan lair ika. yeku ananing Hyang Agung. paesan nyataning nyata.
23 Mangka insan-kamil nênggih. ênggonne martabat sapta. nênggih kang aluhur rêke. titiga kang batin ika. la-takyun arannira. suku Dat ping kalihipun. ping tiga akyan sabitah.
24. Martabat titiga lair. arwah misal lawan ajsan. têgêse ajsan mangkene. kandel tipising kaanan. kang narima panduman. johar awal sipatipun. miwah apngal lawan mukdas.
25. Ingaranan insan-kamil. milane aran mangkana. tan apisah kaanane. kalawan kaananing Hyang nyata ananing purba. lan sipate Mahaluhur. nyata ing insan punika.
26. Ingaran insan-basari. karane aran mangkana. bangsa jisim iku dene. kang kandel lan tipisira. owah-owah ananya. karana anane iku sangking Anasir sangkannya.
27. Dene anasir anênggih. angin api lawan toya. lebu punika papate. mulane bineda-beda. wawatêking manungsa. tan ana
ingkang akumpul. sakawan datan anunggal.
162