8. Mangka akadiyat dhingin. ingaranan wujud mutlak. têgêse mutlak ta mangke. ora nyata sipatira, miwah ing asmanira. karanne mangkono iku. durung ana kanyataan.
9. Ingaranan kun-ijati. têgêse kun ing punika. luhuring aluhur dhewe. dadi bingung ponang akal. tan ana ngawruhana. ing kun ine Hyang Ngaluhur. kandhêk sakathahing akal.
10. Kang martabat wahdat singgih. ingaranan takyun ngawal. krana Hyang Agung karsane. nyatakaken awakira. kalawan ngelmunira. mangka nyata ananipun. lan satengah sipatira.
11. Ingaranan suku Dat-ti. khakekat Mukamadiyah. têgêse suku Dat rêke. iku kalakuaning Dat. ênggone pakumpulan. ing ngelmu enggonne kumpul. lan sakehing sipate Dat.
12. Mangka wahkidiyat nênggih. takyun-sani namanira. karana iya Hyang Manon. nyatakakên dhewekira. sarta makluk sadaya. miwah lawan sipat ngelmu. pan sampun apisah-pisah
13. Ingaranan akyat sabit. iku khakekat manungsa. têgêse akyan ta rêke. wus nyata kaananira. bumi langit kasapta. miwah kewan sampun wujud. aneng ngelmune Pangeran.
14. Têgêse manungsa iki. lali ing anane wadhak. sampun karengkuh anane. ing wakitdira Hyang Suksma. dadya tan wruh ing rena. anging rêke ingkang wêruh. kaananira Hyang Suksma.
15. Ingaran insan kakiki, karana ora apisah. kalawan Dating Hyang Manon. pan ananireku Suksma. tan metu saking hiya. têtêp ana jroning ngelmu. ing salawase punika.
16. Mangka nyata ananeki. lawan sipatira pisan. insan kakiki namane. kalawan kang luwih nyata. karana insan ika. kanyataane Hyang Agung. kanyataan jatineka.
17. Mangka alam arwah nênggih. kanyataane Hyang Suksma. karana iku Hyang Manon. anglairaken kang ana ing dalêm ngelmunira. (ng)genning nyatakakên iku. ing ananing ngalam arwah.
161