Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/181

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

36. Radyan angrungkepi gêpah. saha matur waspanira drês mijil. rama sira dene banjur. wafat tanpa karana. Seh Trênggana musna tilar swara arum. tan mati namung kewala, ngalih pang- gonan sakawit.

48. ASMARADANA

1 Wau ta kang kari brangţi. rahadyan myang garwa-putra. nahên. gung-gunging prihatos. pinupus wus karsaning Hyang. papasthen tan kêna-wah. wasana narimeng kalbu sukur ing Allahu Akbar.

2. Rara Ruhkanti prihatin. saya birai myang[1] Suksma. mindhak kenceng ngibadahe. cacêgah myang pasa sunat. lumintu sabên wulan. mila sang dyah sakalangkung. mancur menter ujwalanya.

3. Niken Sitaresmi tuwin. radyan langkung wlas ing driya. muhung miminta Hyang Manon. cêpaking kang jatukrama. antuk jodho utama. mangkana ri sang binagus. Jami neng Tampomas arga.

4. Anuju sajuga ari. Niken Sitarêsmi lenggah. aneng empèr ingkang kilen. putra kalih aneng ngarsa. rara Ruhkanti turnya. kakang paran dunungipun, ingkang kasapta martabat.

5. Yogya kawruhana yayi. wong birai marang Suksma. ing martabat iku rêke. martabat sapta sadaya. puniku (ng)gennya mundhak. tingale wong arib têrus. paningalle maring Suksma.

6. Akadiyat ingkang dhingin. kapindho martabat wahdat. wakidiyat ping têlune. kaping pate ngalam arwah. ngalam misal ping lima. ngalam ajêsan nêmipun. insan-kamil kaping sapta.

7. Martabate insan-kamil. milane wonten ing wuntat. ênggone pakumpulane. martabat nênêm kang kocap. batinne iku iya.

têtělu kocap karuhun. laire ingkang sekawan.

  1. *) Prayoginipun/mring/.

160