Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/180

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

mun rama prapteng lampus. mring ngendi parannira. tapas aren tala pindha buntaleku. ulih marang awaluya. kaya duk noranireki.

28. Jroning pati manggih apa. kunir pita putra ing Janggala sri. jroning pati iku kulup. tan nêmu paran-paran. kaya paran rama sadatira iku. guladrawa prabu-yêksa. purubaya sadat mami.

29. Tuli bisu lawan wuta. datan pêgat dennira acariwis. ngêndi (ng)gonne Hyang Suksmeku. tirta-prana pratala. kênéng swara ananing Hyang tanpa nglindhung. ana ing sajroning cipta. keh katungkul tatakrami.

30 Heh ta kulup prana-dina. angun-angun anata praja adi. wus lali jiwa kasaput. ing gunggunging asmara. asmarane tansah gawe wigêneku. babo kulup parangmuka. sela ginênia reki

31. Lae-lae pujinira. akalurung tambuh parannya yêkti. poma-poma ywa katungkul. sêmbahira kang nyata. carma-leka kajungan martalayestu, gurayang tambuh densêmbah. kulup iku tan patitis.

32. Ngêndi ênggon kang tan mêdal. margaina mara jawabên aglis. Wisangkara putraningsun. gebang paniwêr wana. kang durung wruh akeh ujar kang karungu. lamun iku kababara, benjang rama ulun ngabdi.

33. Kulup guguywaning rasa. poma kaki aywa asalah tampi. prana lapa wanita yu. sêdhêp angganda prana. Jamun (m) babar wacana tanpa karyeku, babo-babo jambu-alas. jêmpana mung dyah ingesthi.

34. Kapok mitra wong tan lana. puspalulut gunung malang Wêleri. pêgat sihe nora tuhu. kulup wacananira. rama apa kurang ing prabeyaningsun. sêtyanana lamun cidra. wacana kang wus kawijil.

35. Kadya paran uningakna. pudhak-cêngkal palastraning narpati. Sang Arjuna Sasrabahu, kalamun kababara. mara dhewe kang kawudan iku kulup. wau sawusing ngandika. Seh Trêng-

gana angêmasi.

159