Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/179

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

19. Tan winama dennya wêkdal. bakda Ngisa wangsul mring dalêm malih. wus rinakit dhahar sêkul. sangkep jangan myang ulam. Niken Sitarêsmi aris matur kakung. (ng)gyan ulun sudhiya dhahar. punika sampun cumawis.

20. Nulya dhahar langkung rahab. Ken Ruhkanti ingkang angleladossi. wus dumugi (ng)gennya kêmbul. linorodakên sigra. maring Gathak Gathuk samya angathêkul. dhasar wus lami tan nadhah. dhaharan lumadyeng ngarsi.

21. Sangkep sanggyaning woh-wohan. rêséping tyas risang ingakên siwi. Seh Trênggana ngandika rum. kulup paran ing karsa. apa aso utawa isih sarêju. Jalenggahan aneng wisma. rahadyan umatur aris.

22 Kajawi karsanya rama. maksih eca pinarak aneng panti. samben ginêm kang pakantuk. ulun aminta barkah. dimen ing tyas aywa manggung wayang-wuyung. Seh Trênggana sru karênan. pangandikanira aris

23. Apa ing patanyanira. mengko ingsun jawab ingkang patitis. ngangge wawangsalan mungguh. dimenne aywa kêmba. payo kulup aywa wawang marang ingsun. rama paran urip para. jawabên ingkang patitis.

24. Lae-lae gudhe pandhak. dhuh-dhuh angger nagrinya ing Kuranji. uripira iku kulup. tan mawi paran-paran. puspa ranu wit namaning bujangga gung. uripira kadya sêkar. tunjung tan salaga kaki.

25. Ngêndi (ng)goning Pangeranta. brêkukut gung pêtis cinandu lêtih. kang angucap mring sireku. sapa (n)dadekken para. paksi kardha putra nata Ngayodyeku. sêdya bakal dadya lawan. dhewekira wong ngasigit.

26. Sapa kang molahkên para. minangkara sring apus gita sami. lae-lae osikingsun. wisesa tanpa krana. lah ing endi pinangkanira puniku. ingsun saka Sawosêmpal. wismane Hyang Bagaspati.

27. Saking nora mulaningwang. dadi ana tumitah (n)donya iki. la

158