Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/178

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

tan ana sinêdyeng kayun. sênêng sumêngkeng ngaldaka. marang (ng) gyan kang sepi-sepi.

11. Seh Trênggana nulya nabda. iya kulup ajwa (n)dêdawa pikir. balik dhangana ing tyasmu. kampir ing wisma amba, ketemua bibekmu lawan adhimu. anakku wadon sajuga. rara Ruhkanti wawangi.

12. Dangu radyan tan ngandika. Seh Trênggana mesêm ngandika aris. aja wagugên ing kalbu. reh ulun asung wikan. anak wadon tyasmu yen andakwa ingsun. karsamu mampir jalaran. katarik saka pawestri.

13. Iku jebeng nora watak. radyan matur dahat léngganeng kapti. wus kerit ing lampahipun. Gathak Gathuk neng wuntat. gèdhèg-gèdhèg myarsa sabdanya sang wiku. iki si wong aprasaja. tatas têtêg apratitis.

14. Babasan (n)jaring pawana. lampahira uwus tumameng panti. lênggah glaran batu alus. ki dalem angandika. kang sakeca kulup (ng)gonnira alungguh. anggêpen wisma priyangga. (n) dheku Raden Jayengresmi.

15. Garwa putra tinimbalan prapteng ngarsa sang rêsi ngandika ris. Sitarêsmi wruhanamu. iku atmaja Sunan. Giri Prapen Jayengrêsmi kasihipun. mengko ingsun ambil suta. dadi kadange Ruhkanti.

16 Mara asunga pambagya. Sitarêsmi pangandikanya manis, padha bêcik sira kulup. prapta ing ngarsaningwang. radyan matur jeng bibi pangestunipun. rara Ruhkanti sung bagya. kakang katuran basuki.

17. lya rara sun tarima. pambagemu marang ing jênêng mami. Seh Trênggana ngandika rum. Rubiyah sunggatanta. pangêsêsan tapsirih pateyanipun. ywa kari kang nyênyamikan. iki selak wektu Mahrib.

18. Sunggata luamdyeng ngarsa. apikantuk dennira angrêsêpi. wus manjing ing Mahrib wêktu. Seh Trênggana ngandika. payo kulup mring masjid sêdhênge waktu. linggar sangking pada-

lêman. samya ngambil toyastuti.

157