Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

2. Nanging sang dyah datan arsa. Jagya sengsem birahi srengat Nabi. datan sah dennira (n)darus. Kur'an amaos kitab. sru ngibadah tan towong bêkti Hyang Agung. sisirih sunat puwasa. bèlsiwat myang Sênen Kêmis.

3. Seh Trênggana myang Rubiyah. Rara Emas sabakdaning Ngaser-i. aneng plataran ngungundhuh. kalampok maja-ganda. kêpêl manggis jêruk kêprok langsep dhuku. kagyat santrinya tur wikan. kidul-wetan suku wukir.

4. Wontên dhatêngan têtiga. kang satunggal wamanya langkung pêkik. wênês cahyanya umancur. antêng sêmu dyatmika. ingkang kalih rare kintên rencangipun. Seh Trênggana duk miyarsa. ature santrinireki.

5. Ngandika lon marang garwa. Sitarêsmi cacawissa kang becik. sunggata saananipun. lan wisma gêlarana. papatutên ingkang sawatara mungguh. manawa kang nêmbe prapta. ing mengko kaparêng mampir.

6. Rara sira ngladenana. garwa putra sandika atumeki. mundur mring wisma agupuh, ngrerakit pasunggata. tan antara dangu sadaya wus ramut. Seh Trênggana wus tumedhak. marang ing sukuning wukir.

7. Kapang-kapang uluksalam. radyan kagyat tanggap dennya mangsuli. mualaikum salamu. tundhuk ajawat tangan. Seh Trênggana alon pangandikanipun. saking rêseping tyasing- wang. jêbeng sira aja krami.

8. Marang jênênge pun bapa. mrih rumakêt datan na walangati. padha becik sarawuhmu. paran ta kang sinambat. Jan ing ngên- di pinangkanira wong bagus. mring êndi kang sira sêdya. pun bapa têmbe udani.

9. Rahadyan osiking driya. rada wantêr wong iki kaduk manis. pasaja luwês ing tembung, wasana angandika. pandangunta rama ing kakasih ulun. Jayengrêsmi sangka praja. Sokaraja ardi Giri.

10. Gresik tlatah Surapringga. atmajane Suhunan Prapen Giri. Jagya nglampahi ragengsun, karsane Kang Misesa. Sru kasrakat

156