Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/173

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

30. Suka sugih Respati Kliwon alestu. ponang satru angadhangi. kena tanpa males ambruk. Sukra Nis rahayu luwih becik ananandur dados.

31. Tumpak Paing becik barang pakaryeku. lulungan salamêt ugi. Kulawu seren mring Dhukut. Dite pon rahayu becik. tutukuwa sapi kebo

32 Soma Wage rahayu rijêki suguh. karya lair darbe bukti. Anggara Kasih tan ayu. ywa lunga-lunga sing panti. Buda Manis karahayon.

33 Mumundhuta padha suka wah pikantuk. aguntur omah basuki. Rêspati Paing rahayu. ing sabarangkarya bêcik. amamarangana dados.

34 Sukra Êpon rahayu wong tani iku. padha witta ngurit becik. akeh bangêt parinipun. Tumpak Wage ala kardi aywa lunga-lunga awon.

35 Dhukut seren tinampan ing Watugunung. Dite Kaliwon mung- kassi aywa tuku suku catur. kêbênêran lawan bêcik. Soma Nis rahayu yektos

36 Alekassa ngurit pantun yêkti tulus. (ng) Gara Paing ala yêkti. ywa lunga gring aneng purug. Buda Epon ala ugi ywa lungan kasangsayeng (n)don.

37. Krana-bumi pipitu aran puniku. Respati Wage basuki lulungan slamêt ing purug. lare lair aprayogi. sandhang panganne du- mrunoh.

38. Sukra Kliwon ala ywa lungan sireku. aneng paran antuk. agring. lare lair tan pakantuk. geringan sungkanan yekti. Tampak Manis karahayon.

39. Ing sabarangkarya becik ananandur. pala kabrungkah mêtoni. lah iku pathokaningsun. anak putu ingkang apti. pucung

tatanya maring ngong.

152