purnama siddhi rannipun. barang karya prayoga. wuku Tambir seren maring. Madhangkungan Dite Kaliwon atampa.
35. Masanga tumbal wurungan. sisirêp datan prayogi. kang samya asedya ala. Soma Nis rahayu yekti. angunggahêna pari. mring lumbung brêkat kalangkung. (ng) Gara Paing prayoga masang tumbal tumbak becik. Buda Epon ala ing sabarangkarya
36. Pitnah têka ambebeda. ujar denajarkên yêkti. Respati Wage raharja. lulunganna aprayogi. angadhang aneng margi. Sukra Kliwon ala amung. angadonana upas. iku pasthi bisa mandi Tumpak Lêgi rahayune datan pêgat.
1. Amundhuta padha suka lamun (ng)guntur. omah kalangkung prayogi. Madhangkungan seren gupuh: mring Maktal ing Dite Paing aja lungan kaprêk lumpoh.
2. Soma Epon ala bêcik têgêsipun. madya (ng) Gara Wage-neki ala ywa lunga puniku. satogalak angadhangi. Buda Kliwon karahayon
3. Amamarangana padha sukanipun. akeh pialanireki. Rêspati Manis rahayu sabarangkarya ananging lulungan wêkasan awon
4. Sukra Paing ala ywa lungan sireku. tukaran ana ing margi. Tumpak Eponne rahayu. mamarangana utami. padha suka trusing batos
5. Maktal seren tinampen ing Wuye wuku. Dite Wage amarêngi. karya padha sukeng kalbu. mitoni lare prayogi. Soma Kliwon langkung awon
6. Ywa lulungan neng paran wirang tinemu Anggara Manis abêcik. barang karya anênandur. pala-pêndhêm aglis (m) bukti. Buda Paing karahayon.
7. Anggaweya seser jala srêpan antuk. Rêspatine Epon becik. lungan na rêjêkinipun. Sukra Wage ayu yêkti. ngadoni upas
pitados.
149