Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/169

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

26. Pahang Dite Paing ala. aja lungan yen nglampahi. lungan katiban ing tangan. Soma Epon ala ugi. ywa lulungan sireki. Anggara Wage winuwus. ala ywa lunga-lunga. kalaran neng papan yêkti. Buda Kliwon raharja sabarangkarya.

27. Awiwit sawah prayoga. Rêspati Manis basuki. ngupayaa pêksi gangsar. Sukra Painge kaluwih. ala ywa lungan pêsthi. ana ing marga tinêluh. nging becik (ng)guntur omah. Tumpake Êpon basuki. nambanana ing wong lara dadi waras.

28. Pahang seren wus tinampan. Kruwêlut Dite Wage-ki. uwaspanganten ing paran. nanging masang tutumballing. wurungan blai bêcik. Soma Kaliwon raharja. mamarangana yogya. mêtu dunya-palaneki. (ng) Gara Manis ala aja lunga-lunga.

29. Kalaran agêng tinêmah. Buda Paing ala ugi. sadina ywa lunga-lunga. Respati Épon basuki. mumundhut suka olih. angguntur omah sarêju. Sukra Wage masanga. tumbal wurungan abêcik. tan tumêka kang samya asêdya ala.

30 Tumpak Kaliwonne ala. nanging gawe wêlah becik. banjur age pinasanga Kruwêlut seren tinampi. Marakeh Dite Lêgi. rahayu yogya nanandur. pala kalawan bungkrah. Soma Paing ayu ugi. barangkarya (ng)guntura omah prayoga.

31. Anggara Pon aja lunga. neng paran kataman sakit. Buda Wagene raharja. sabarang karyane bêcik. mung lungan ala yêkti. uring-uringên neng purug. Respati Kliwon arja. mumundhuta suka olih. nambanana wong lara anulya waras.

32. Sukra Lêgi kang prayoga. masanga barang-piranti. gajeg luwang seser jala. sapanunggalane bêcik. Tumpak Paing basuki. lulungan slamêt neng pruug. Marakeh seren marang. wuku Tambir ingkang tampi. Dite Epon ala aja lunga-lunga.

33. Manggih kala wêwatêgnya. Somane Wage basuki. lulungan na bêgjanira. rawuh ing sadina mangkin. (ng) Gara Kasih basuki. nandura pala-gumantung. andadi uwohira. Buda Nis ala ywa nganti lunga tinut wingking sagunging lêlara

34. Respati Paing raharja. lêkas ngunit gadhu becik. Sukra pon

rahayu lungan. sinung pêpak rijêkining. Tumpak Wage utami.

148