Buda Paing ngupayeku, wong minggat aglis panggya. Respati Pon ala yêkti. Sukra Wage kang prayoga macak tumbal.
18. Keringan yen ana aprang. liyeku kabeh tan bêcik. Tumpak Kaliwon raharja. nagiha utang pakolih. Kuningan wis tinampi. Langkir Dite Nis rahayu. nanandura sabarang. bisa bukti uwohneki. Soma Paing rahayu yen ana bocah.
19. Lair ana rijêkinya. Jungan rijêki (n)dhatêngi. Anggara Épon raharja. lungan rijêkine nganti. lan ingadhangan bukti. lare lair apikantuk. ana sandhange benjang. ing Buda Wage basuki. alêkassa tarak antuk cahya mulya.
20 Antuk idi katarima. Respati Kliwon basuki. ngurit wiji lêkassana. bêcik myang tulus ing wuri. Sukra Manis basuki. mamarangana pakantuk. anandur pala bungkrah. Tumpak Painge basuki. padha suka bungah amamarangana.
21. Langkir sinerenken marang. Mandhasiya ingkang tampi. Dite Epon ala aywa. kelangan iku marêngi. keh satru angadhangi. Soma Wagene rahayu gawe wisaya mina. jala seser jaring slundhit. miwah krakat iku watêke sêrêppan.
22 Anggara Kaliwon ala. pangadhangan satru sêkti. den prayitna aia lunga. Budane Manis prayogi. mêmundhut padha olih. (ng)guntura omah rahayu. Respati Paing karya. mumundhuta padha olih. Sukra Epon rahayu karya bêndungan.
23. Bisa pêpêt kaduluran. Êsri lan pasanjan bêcik. Tumpake Wage kaliwat. bêcik kukuh denajrihi. marangana pan bêcik. padha suka ing tyassipun. yen atintrim mungsuhnya. Mandhasiyane gumanti. Julungpujud Dite Kaliwon raharja.
24. Gawe pawong mitra lawan. (ng)guguru bêcik lan asih. Soma Manisse raharja. ngupaya istri glis olih. (ng) Gara Paing basuki. lungan na rijěkinipun. padha ngadhang tur suka. barangkarya antuk bukti. Buda Epon raharja sabarangkarya.
25. Rêspatine Wage ala. barang karya tan prayogi. aja lunga nêmu kala. Sukra Kaliwon tan bêcik. sabarang sêdyaneki. Julungan
ala kalangkung. Tumpak Lêgi raharja, angunggahna pari maring. lumbung bêrkat Julungpujut sèren marang.
147