Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/167

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

9. Wrigagung seren tinampan. ingkang wuku Julungwangi. Dite Pon ala sabarang. -karya aja lungan kaki. Soma Wage basuki. dum-duman dunya pakantuk. palane kinedhêpan. Anggara Kliwon tan bêcik. aja lunga kasangkala gring neng dalan

10. Sabarang kang padha nyawa. iku dadi sangkaleki. Buda Nis bêcik nandura. pisang palakima dadi. myang rangkat iku bêcik. Rêspati Paing rahayu. masang tumbal wurungan. karya wêlah iku bêcik. Sukra Êpon rahayu sasolahira.

11. Lungaa nanagih utang. tan asuwe nuli olih. kang katêkan padha suka. Tumpak Wage tan prayogi. barang karya tan becik. uwas-panganten rannipun. seren kang julungsêkar. wuku Sungsang ingkang tampi. Dite Kliwon ala aja alulungan.

12. Kalaran ana ing marga. neng paran amanggih isin. Soma Manis gawe tumbal. -ling omah lan sabin becik. tuna kang mrih tan becik. nyanjataa met mina. ringkêling buron sakalir. Buda Epon rahayu sabarang karya.

13. Lulunganna sukeng paran. Rêspati Wage prayogi. arangkatta bêcik uga. sanake pracaya sami. Sukra Kaliwon becik. yen rare lair puniku ana rijêkinira. Tumpak Lêgi tan prayogi. luwih ala alaning kang barangkarya.

14. Sungsang seren tinampenan. Galungan ing Dite Paing. ala ing sabarangkarya nanging pasang tutumballing. wurunging sirêp bêcik. Soma Epon ambuburu. oleh buron akathah. Anggara Wage maringi. marang pêkir bêcik ing pandonganira.

15. Buda Kaliwon raharja. lêkas tarak antuk idi. arangkatta bêcik uga. Respati Nis ala bêcik. lungan datan prayogi, kasêngkala neng dêlanggung. ngunggahna pantun marang. ing lumbung ingkang prayogi. Sukra Paing luwih becik tur utama.

16. Lulunganna sukeng paran. barang karêpira olih. Tumpak Épon ngulatana. wong minggat tan suwe panggih. Galungan wus tinampi. Kuningan Dite Wageku. rahayu udan êmas. lamun ana rare lair. asugiyan tur wruh marang ing kekadang.

17. Soma Kaliwon raharja, anambanana wong elik. dadi atut apês

kuwat. ngupaya pangan prayogi, (ng) Gara Nis nagih olih.

146