yaning prang. Gathuk ngaturakên wohe. kêpêl gandanya arum. nanging radyan tan arsa bukti. tansah ginanda-ganda. sêngsêming tyas (n) dulu. talaga kinêpung arga. madyeng tlaga wontên ardi alit-alit. sapta samya gêngira.
18. Wening tlaga kasorot Hyang Rawi. gêbyar-gêbyar wayangan saptarga. mawarna-warna warnine. rawe-rawe amanglung. aneng ranu kadya sinoming. dyah adi pinangantyan. angarompyoh sêmu. gumêriting ampel denta. katêmpuhing samirana lir panjriting. dyah nêmbe katerassan
19. Lajeng minggah Raden Jayengrêsmi. myat patapan sapucaking arga. pala pelak asri tinon. sinalisir rum-arum. sinarojeng kayu teja-di. ingapit parijatha anjrah aneng ngayun. panggunge munggul katingal. sru kasmaran rahadyan duk aningali sinêrang dennya mangsah.
20. Nênggih ingkang martapa ing wukir. apaparab Wasi Singgunkara. atmaja ri sang pamase. bêdhahing Majalangu. numpang palwa ngambang jaladri. kèndêl ing palabuhan. Cirebon gya laju. tutruka neng Cêrme arga. sakalangkung nglangkungi tapanireki. rahadyan duk uninga
21. Mring sang tapa kesel sayah urip. lupa cape ilang tan karasa. tumameng marang ngarsane. sang wiku manggung minggu Jayengrêsmi matur mamanis. dhuh sang kulineng tapa. kang dahat manêngkung. dene sung prabawanira. angramati mring dasih kang kawlasasih. nir ing tyas ingkang murka
22. Malah-malah sudira ing tapi. sru kapengin kadiya paduka. têka wingit pasêmone. nêtêpi puja nung kung ulun engêt ing guru mami. Seh Sêkardlima arga. Slamet dhepokipun. Singgunkara api kagyat angandika iya tan sira pribadi. kang prapta ngarsaningwang
23. Padha olih sabarangkarseki. kena barang kang padha sinêdya. nanging iya sapangkate. eh kulup ingsuntutur. ananingsun martapeng wukir. sang rêsi sigra ngandhar. lalampahanipun. ing purwa têkeng wasana. raden matur mênggah kawaspadan
lair, piridanipun etang.
142