Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

pat. roh-rokani wastanipun. dene langit kaping lima.

3 Ingaranan roh-nurani. langit kaping nêmme ika. roh-rabani ing wastane. langit kaping pitu ika. roh-kapi wastanira. anênggih ing têgêsipun. langit roh satunggal-tunggal.

4 Têgêse langit jasmani. tinitahakên ing Allah. amêpêki ing uripe. ana ing jasat sadaya. langit roh-nabadi ka. amêpêki uripipun. salire badan sadaya.

5 Ingkang langit roh-napsani amêpêki ingkang karsa. karêpe badanne kabeh. langit roh-rokani uga. mêpêki ngelmunira. sa- kehe badan sadarum. langit roh-nurani ika.

6 Amêpêki cahyaneki. sakehe badan sadaya. langit roh rabani raden. amêpêki adhêpira. ingkang badan sadaya. lan langit roh-kapi iku. pan pêpak pasrahing badan.

42. MIJIL

1 Baya pantes pinupuha mijil. ingkang winiraos. kanugrahan lawan nugrahane. lawan sapa ingkang nugrahani. nugraha sayêkti. mungguh ing Hyang Agung.

2 Kanugrahan mungguh ing sireki. nugraha Hyang Manon. anglir bedhug tinabuh snepane. tetabuhe nugraha sayekti. unine savêkti. nugrahan rannipun.

3 Ana dene kang narima ugi. sihira Hyang Manon. pan puniku janma ingkang luweh. kang narima sihira Hyang Widdhi. saobahe ugi. nugrahan puniku.

4 Solah tingkah muna-muni iki. nugrahan Hyang Manon. ganda swara miwah paningale. panarimeng dadiya sawiji. dadi wong linuwih. benjang lamun lampus.

5. Dene iya wawadhahing ngelmi. pirsakna sayêktos. ngelmu iku aja akeh-akeh. yen rinicik dadi nora bêcik. yen layar ing pati.

aja keh kadulu.

137