Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/155

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

9. Lamun mêtu ing jubur langkung najis ya. yen metu puser ugi. pasthi bojot ika. lah ngêndi ingkang marga. lamun ing wulu kang margi. lah iku mokal. marga kalangkung rungsit.

10. Lah ta raden angger sira têtakona liyane marang mami. kabeh takokêna. purwa madya wasana. takokna dipun patitis. asraha badan. ngatuma pati urip

11. Lamun mati apa ta ana ngakerat. prênahe kerat ngendi. takokna den angsal. aja angayawara. dipun wêruh ing sajati. basa ngakerat. ênggon wong agung sisip

12. Anadene ênggone wong kang sampurna tan donya tan ing ngakir aneng Darussalam. ênggon wong agung mulya. iku gurokna sayekti. ing Darussalam. iku suwarga êning

13 Têgêsipun kang Darussalam punika. wujud mukal kang pasthi iku gurokêna. kang aran wujud mukal. yen tan wêruha sayêkti. angur si kopar. karuwan mati garing.

14. Lah ta iku raden sira gurokêna lah poma dipun olih. kalamun oleha ing guru kang wawarah silêma ironing jaladri upamanira. ywa toleh anak rabi

15 Yen pepeka ing wêjang guru kang pasal têmahan mati kapir nuli labuhana. wêjange gurunira. labuhan kawan prakawis aywa kawuntat. tapa kawan prakawis

40. PANGKUR

1. Dhingin kang ingaran tapa. anarima sihing Hyang Suksma jati. apa karsane Hyang Agung. apan anut kewala. anglir sarah aneng satengahing laut. apa karsaning parentah. kawula têka nglakoni.

2. Ping pindho ingaran tapa. gêniara iku dipun lakoni. anadene artinipun. malêbu ing dahana. yen kabrangas ing ujar iku den

têguh. yen denucap ing têtangga. mapan tan nêdya gumingsir

134