Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

gawok sakeh kang andulu. dhumateng Seh Siti Jenar.

44. Tuturku kang wus kawijil, Seh Lêmah Bang wus anyata. katon kandel kumandêle. nanging pilih kang abisa. kadi Seh Siti Jênar. akeh mandheg aneng catur. pinêntog mundur plarasan.

39. DURMA

1 Lawan malih raden sira kawruhana. pan ana kawruh malih. crita Wringin-sungsang. wajibe kawruhana. anggitên dipun sayêkti. sajroning manah. lah angger ngong jarwani.

2 Wringin-sungsang wayahira tumaruna. luhur tan ngawruhi. panjêre satunggal. tambenipun sêkawan. pupusipun mung sawiji. pange sakawan. wohe rêtna-di luwih.

3. Kulitira kang wringin kancana mulya. daging kumala adi. otote sosotya babalunge kalpika. sungsume motyara luwih. uwiting wrêksa iman wujud kang pasthi.

4. Lan malihe kaki têngah kawruhana. lalima kathahneki. ingkang aneng têngah. aran pêksi-dewata. anadene kang angapit. pêksi sakawan. iku wajib ngawruhi.

5. Poma-pomaanggèr sira kawruhana wastane kang waringin. lan pancêre pisan. lawan tambining ngêpang. pupuse lan wohe ugi. apa arannya. wajib sira kawruhi.

6. Lan malihe raden sira kawruhana. apa asalmu dhingin. iku kawruhana. asal sangking punapa. miwah benjing lamun mati. êndi (ng)gonnira. lawan marganing pati.

7 Lamun mati kang nyawa ngêndi marganya. apa ta mêtu kuping. apan sukêr ika. apa ta mêtu netra. iku pasthi moler kaki. yen mêtu sirah. pasthi pêcah kang rêksi.

8. Lamun mêtu ing êmbun-êmbunan radyan. kang pasthi bolong kaki. lamun mêtu grana. yêktine jêmbêr uga. lamun mêtu

cangkem najis. lah ngendi baya. margane lamun mati.

133