Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

34 Seh Molana mangkya angling. Siti Jenar nama tuwan. Siti Jênar mangkya turre. inggih Allah jênêngamba. nora na Allah ika, anging Siti Jenar iku. sirna Jênar Allah ana.

35. Molana Ngaribbi [1]: angling. kapir dadi Siti Jênar. Aji Cêmpa angling alon. kapir danas Siti Jenar. Islamipun indalah. kapir danas wong puniku. punika kapir sampurna.

36. Molana Mahribi angling. Suhunan (n)dawêg winejang. masjid dalêm suwung kabeh. ana bêkti ana ora. têmah ngrusak agama. anggêgampang têmahipun. kang salah (n)dawêg pinêdhang.

37. Seh Siti Jenar mangkya ngling. (n)daweg sampun kalayatan. lawang swarga mênga kabeh. Siti Jênar sinerampat. dening kaum sakawan. Seh Lêmah Bang sampun khukhum [2]. pinedhang tatas kang jangga.

38. Titiga sabate sami, apan sedya pinėjahan. samya prawira khu- khum[3]e. titiga samya anêdya. anêbut Subkhanallah. wontên rare angon wêdhus. sigra amiyarsa warta.

39. Siti Jenar wani mati, kasusra angaku Allah. punang rare angon age. lumayu asumbar-sumbar. amareg mring ngayunan. wontên Allah kari iku. katungkul ya angon menda

40. Prabu Satmata mangkya ngling. rare iku kudu pejah khukhum [4] jena aja suwe. sandhingêna Siti Jênar. angling Ki Siti Jênar. sandhingêna lawan ingsun. aywa adoh ingsun gawa.

41. Ponang rare angling aris. sampun (n)dika kalayatan. rare cilik sru tangise, age tumuta pralaya. wus mênga lawang swarga. pinêdhang janggane sampun. mesêm rare angen menda.

42. Jêng Suhunan Ratu Giri. nora kira Siti Jênar. maksih wutuh rêragane. tigang dina gilang-gilang. tumulya uluk salam. kan- tuna andika ratu. Siti Jênar nulya ilang.

43. Tan kari sabatireki. sadaya wus samya ilang. miwah rare angon

mangke. datan kantun melu ilang. sadaya sampun sirna.

  1. Prayoginipun/Mahribi
  2. Prayoginipun/khukum = kaukum
  3. Prayoginipun/khukum = kaukum
  4. Prayoginipun/khukum = kaukum

132