Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

44. Asthabrata kang linaku. kêlakon pangolahneki. pundi antuk yen kalaha. lan lakune Buddha nguni. beda budining manungsa. akawih ingkang linewih.

45. Maluya laya anuntur. linanturakên pakarti. Jayengrana pinandhita. ing palagyan palunggyanning. byuha tarien wêkasningka. tapa kaluhuran dadi.

46. Legaweng pati ring ripu. pratapanning kang prajurit. sor tapaning kang pandhita. tapa tapaking jayanti. antyastya pramukyeng tapa. tapa (ng)graning gunung wêsi.

47. Sinêmbah ing ngalapa gung. singgih yen sirarsa jurit. den prastawa ing sopana. ing bubuka purba titi. titika denkatalika. tutula tinali-tali.

48. Agama pan sêdya ayu. pagahên padhanging pati. aywa ta kasêlan meda. dumadya amangguh westhi. nadyan ana hru sayuta. sêdya yu pan denpayungi.

49 Ing agama payungipun. rinêksa têbih ing westhi. dyajan ta anut ancaia. bubuka ywa ngaruhunni. ruhunana ywan wus pingsal. asapênêt gan yen uwis.

50. Ana (ng)gyanya tindak-tanduk.ing swara aywa dumêling. aywa liyan kang karéngya. munga sang nata pribadi. dennira anga- du laga mawastreng papan makangsi.

51 Bubuhan kang aneng ngayun. têmpuking ayuda pan wis. panarcayan mring sang nata. mangsa keguha ing jurit. sang nata nata ring wuntat. tan patya keh kang umiring.

52. Mung kanan kering myang pungkur. sawega prayitneng westhi. manawa na katêlayah. raganing turangga mrêgil. tutulunga têka wangwang. ginantya bala toh pati.

53. Yeka palayarannipun. ring atapa gunungwêsi. tan kacaryan tan kawuryan. ring dadi dadining bumi. sastakasa myang ri- ringa, pan purbawisesa jati.

54. Tan ana lara myang lampus. urippe sangking Hyang Jati.-karana tan takut ing prang. nistha madya utamaning.

mantri linging kina-kina. kinênan malah ing mangkin.

127