mahan sukaning galih. dene jroning plataran. yen mangaleripun. anotog pagêr ukurnya. samurdane kang darbe wisma pribadi. tingkahe wismanira.
58. Den agathuk pagêr aja lali. yen kêkêlir sakilening wisma. kang têngên ku lakune. têka ing wismanipun. gathukêna ing pager (n)jawi. kang wetan bau kiwa. saking wismanipun. den-gathuk lan wismanira. lolongkange pandhapa. têpusên aglis. lawan pacakanira.
59. Gedhuging wisma lawan pandhapi. mandhapa iku kalawan lodra. têpusing talapakane. kalih mandhapanipun. Jawan lodra yen karya kori. pagêr tarab cêngkalnya. mara-sanganipun. poma sampun asèmbrana. ing pitêdah prayogi aywa kawuri. yen parêng bêgjanira.
1. Punika yen karya griya. ukuripun pêcakira pribadi. pinêcakan panjangipun. gangsal petanganira. êsri adi naga êmas perak lamun. griya kadhawahna êmas. pandhapa perak prayogi.
2. Bilih pawon dhawah naga. payon lêsung prayogi dhawah adi. manawi iyasa lumbung. dhawah êsri pecaknya. sampun jangkep menggah saka kang denukur. kajawi tangkêping ngandhap. lan kajawi purusneki.
3. Ngukur wiyare kang saka. lajeng kangge ngukur panjangireki. ugi gangsal petangipun. bumi banyu prawata myang sangkala gêni jangkêp gangsalipun. dhawah bumi kang prayoga. teteg watêkipun. bumi.
4. Dhawah banyu watêkira. apan srêpan punika (ng)gih prayogi. manawi dhumawah gunung. watek kêrêp aliyan. lamun dhawah sengkala awon kalangkung. kang darbe wisma gêringan.
dhawah geni tan prayogi.
119