Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

tang Juhrah kang nampeni. jangkêp lintang kasapta.

44. Malem Kêmis ing wêktu Mahribi. taranggana Mustari praptanya. Ngisa tinampenan Mireh. sirêp ing janma Samsu. têngah ratri ingkang nampeni, kanang tranggana Juhrah. seren lingsir dalu, tinampen Ngatarit lintang. bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi. ing waktu Subuh Juhkal.

45. Kemis enjing Mustari kang tampi. rame pasar lintang Mirah Jênggah. bar pasar Samsu tampine. bêdhug tinampen gupuh. Jintang Juhrah Luhur tinampi. Ngatarit ingkang lenggah. seren Ngasri wektu tinampenan lintang Kamar. wanci sontèn lintang Juhkal ingkang tampi. jangkep kasapta lintang.

46. Malêm Jumngah ing waktu Mahribi. lintang Juhrah ingkang apilênggah ing waktu Ngisa êpote. tinampen Ngataritu. sirêp janma Kamar nampeni. têngah ratrinya Juhkal. lingsir ratrinipun. lintang Mustari punika. bangun enjing lintang Mirah kang nampeni. Subuh Samsu tranggana.

47. Jumngah enjing lintang Juhrah tampi. rame pasar Ngatarit kang lenggah. lêbar pasar Kamar manggen. bêdhug ginantyan gupuh. lintang Juhkal ingkang nyiteni. Luhur gya tinampenan Mustari sitengsu. wêktu Ngasri tinampenan. lintang Mirah sontêne Samsu kang tampi. jangkêp lintang kasapta.

48. Malêm Saptu Mahribi Ngatarit. waktu Ngisa tinampen ing Kamar. sirêp janma gya tinampen. lintang Juhkal potipun. têngah ratri ingkang nampeni. Mustari taranggana. êpor lingsir dalu. tinampen Mirah tranggana. bangun enjing lintang Samsu kang nampeni. Subuh pan lintang Juhrah

49. Saptu enjing lintang Juhkal tampi, rame pasar Mustari kang lênggah. lêbar pasar lintang Mireh. bêdhug tinampen Samsu. waktu Luhur Juhrah nampeni. pot Ngasri tinampenan. Ngatarit sitengsu. sontêne tinampen Kamar. titi sampun iampahing lintang saptari, dalu praptaning siyang.

50. Kang minangka naasing lintang dwi. (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal. ngagêsang winênangake. sêtiyar mrih rahayu. yen

wus atut etanganeki, gya sumendhe ing Suksma. widadaning

117