Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

37. Akad enjing Samsu kang nampeni. rame pasar tinampen ing Juhrah. lêbar pasar Tangarite. bêdhug Kamar kang lungguh. Luhur Juhkal ingkang nampeni. Ngasare tinampenan. Mustari puniku. sontêne ingkang atampa. lintang Mirah jangkep saratri saari. lampahing lintang sapta.

38. Malem Isnen ing waktu Mahribi. ingkang tampi taranggana Kamar. Ngisa-bah Juhkal tampine. ing wanci sirêp manus. ingkang tampi lintang Mustari. têngah ratri Mirahnya. lingsir wênginipun. lintang Samsu kang alênggah. bangun enjing lintang Juhrah kang atampi. Subuh Ngatarit lintang.

39 Isnen enjing lintang Kamar tampi. rame pasar tinampen ing Juhkal. lêbar pasare tinampen. Mustari trangganeku. wanci bêdhug Mirah kang tampi. waktu Luhur Samsunya prapteng Ngasar puput. tinampenan lintang Juhrah. wanci sontên Ngatarit ingkang atampi. jangkêp lintang kasapta.

40. Malem Slasa ing waktu Mahribi. lintang Mirah seren wektu Ngisa. tranggana Samsu tampine sirêp janma kang lungguh. Jintang Juhrah têngahing ratri. Ngatarit ingkang lenggah. lingsir wenginipun. tinampen ing lintang Kamar. bangun enjing lintang Juhkal kang nampeni. Subuh lintang Mustarnya.

41. Slasa enjang Mirah ingkang tampi. rame pasar Samsu ingkang lênggah. bar pasar Juhrah tampine. bedhug tinampen gupuh. ing Ngatarit Luhur tinampi. Kamar kang taranggana. Ngasri Juhkal Jungguh. sontênipun tinampenan. taranggana Mustari pot wêktu Mahrib. jangkêp kasapta lintang.

42. Malêm Rêbo ing waktu Mahribi. lintang Ngatarit pot wektu Ngisa, tinampen Kamar lintange. wanci sirêp jalmeku. Jintang Juhkal ingkang nampeni. têngah ratri tranggana. Mustari kang lungguh. Jingsir dalu tinampenan. lintang Mirah bangun sampun kang nampeni, ing waktu Subuh Juhrah.

43. Rêbo enjing Ngatarit kang tampi. rame pasar tinampen ing Kamar. bar pasar Juhkal tampine. bêdhug nulya sinambut. ing Mustári Luhur tinampi. lintang Mirah punika. wêktu

Ngasaripun. tranggana Samsu kang lenggah. wanci sontên lin

116