rang. lamun jaler lairipun wektu ratri. barancah mring wanodya.
31. Panca lintang Juhkal kang winarni. ingkang sae wiwit gêntur tapa. pandamêl mring Pangerane: awit ngantos pakantuk. lyan punika botên prayogi. yen rare lair siyang. atanapi dalu. jalu estri ugi samya. tansah kambah sakit encok tan kalirih. nanging keh rêjêkinya.
32. Tur asabar lila ing donyeki, wadanane mung radi engêtan. gumantya angka nênême. lintang Mustari iku. ratuning kang lintang sapteki. Jangkung sae sabarang. satingkah rahayu. ingkang awon mung sajuga. amanggalih ngadoni lampahing jurit. yen rare lair siyang.
33. Jalu estri pan sami prayogi. watêkipun saestu sukuran. yen estri lair dalune. ajrih mring priyanipun. pandamêlan agal myang rêmit. widada awidagda. lamun rare jalu. lair dalu langkung pradhah. tan kaconggah nêdha ing kêbon ananging. rêmên nyilib tyasira.
34. Mangkya gantya kasapta mungkasi. lintang Mirah ingkang aprayoga. namping imba paras paes. sunat ugi pakantuk. atanapi ngadoni jurit. lawan iyasa gaman. kajawi puniku. pakaryan awon sadaya. Jamun nuju rintên rare lair estri. watak jail kang manah.
35. Bilih jalu rintên lairneki. tan saranta barang watêkira. yen lair nuju ratrine. estri tanapi jalu. tan salamêt manahnya gingsir. kêkêt kapara ngarsa. jail amathangkul. sampun jangkêp lintang sapta. awon pênêt ing mangke wiwit winilis. lampahing palintangan.
36. Malêm Akad ing wanci Mahribi. ingkang tampi Samsu taranggana. Ngisai Juhrah tampine. wanci sirêp janmeku. lintang Tarit ingkang atampi. têngahe ratri Kamar. lingsir wênginipun. tinampenan lintang Juhkal. bangun enjing lintang Mustari kang
tampi. Subuh Mirah gumantya.
115