49. Angambila pribadi sugata mami. otek canthel boga. jepen talės wi gêmbili. gêmbolo pohung katela.
50 Gathak Gathuk tan Jenggana gya lumaris. maring patêgalan. suka dennya ngêngundhuhi. rampung gya tumameng wisma.
51. Ambakari jagung pohung uwi lêgi. wedang ronning kahwa. rinakit lumadyêng ngarsi. ki Buyut suka tumingal.
52 Swawi bagus krana-lah sami nyênyamik. kedahe nyunggata. sawontêne tiyang wukir. ijen wus tridasa warsa.
53. Jayengrêsmi mesêm wùs adhahar uwi. mesêm atatanya. wusing angundhuh sakalir. punika kagêm punapa.
54. Kula angge sêdhêkah mring pêkir-miskin. awise kang têdha. sami dhumatêng mariki. sasukane dennya mbêkta.
55. Kula amung angengehkên kangge wiji. makaten lampahnya. tan sagêd sidhêkah picis. mamanise mung krowodan.
1. Lon umatur Raden Jayengrêsmi. kadiparan dinten kang prayoga punapi wontên sanese. utawi wancinipun. mawi milih mawi nyingkiri. ki Buyut angandika. punika masputu. etang minangka satiyar. angluluri nasehat ing nguni-uni. wiji saking ing Arab.
2. Pan punika masalah ngawruhi. ingkang pangandika Nabiyollah. salalahu wasalame. sakehe umatingsun. padha ngawruhana ing nginggil. pratingkah alulungan. miliya kang sarju. aja lungan tanggal pisan. tan na laba lungana tanggal ping kalih. pan iya oleh laba.
3. Tanggal kaping tiga datan bêcik. tan na laba tanggal kaping papat. rēkasa aneng margane. tanggal ping lima iku. manggih laba kaping nêmneki. tan manggih laba ilang. karyane wong iku. tanggal ping pitu prayoga. manggih rahmating Pangeran
tanggal kaping, wolu agring ing paran.
110