Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

19. Kang dalajat rêspati sudibyeng ngelmi. bisa momong ing dyah. nyenengkên tyasing sudarmi. sira kantuna raharja.

20. Rara Mênok matur nuwun sru kapundhi. pangestu paduka. Gathak Gathuk samya pamit. linggar saking palenggahan.

21. Kyai nyai andherekkên prapteng jawi. wus wangsul mring wisma. rara Mênok angukudi. nahan lampahira radyan.

22. Kampir beji wêkdal sembahyang Subêkti[1]. bakda pupujiyan. rahadyan lajêng lumaris. ngaler ngilen anir pringga.

23. Krêdyating tyas kapencut arsa udani. ing masigit Dêmak. iyasaning para wali. tan cinatur laminira.

24. Wus umangsuk prapteng palataran masjit. tan ana kang nyana. yen punika putra Giri. kinira santri balaka.

25. Minggah srambi. wowolu sakanireki. ingukir pinatra. bêtan saking Majapait. sangkalanira pinirsa.

26. Kori roro gawening wong[2] ungêineki. wiwara kang marang. masjit ingukir tulya sri. gambar gêlap pinarada.

27. Tumpak kori sinêrat sangkalan muni: papatra kinarya. rupa gêlap[3] tunggal nênggih. radyan manjing sigra-sigra.

28. Dupi prapta aneng sajroning masigit. kalangkung anikmat. mupangat raosing dhiri. engêt manthêng nungkul ing Hyang.

29. Saka guru sakawan agengnya sami, inggile sêmbada. gilig mêmêt ragi mêthit. agêngnya kalih rangkulan.

30. Ingkang êler wetan sanes lan kang katri. nênggih wujud tatal. kinêmpal dados satunggil. gilig aluse warata.

31. Yasanira Kangjeng Susuhunan Kali.-jaga kang minulya. maweh tilasing nagari. karamating waliyolah.

32. Saya gambuh rahadyan dupi udani. sinungan umiyat. kaelokaning Hyang Widdhi. sangandhaping panti kutbah.

  1. *)Prayoginipun/Suběld/ - Subuh.
  2. **) Taun Jawi: 1429.
  3. ***) Taun Jawi: 1441.

108