Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

4. Raden mesêm pangandikanira aris. klêbêt wajibing dyah. sagêd lah-olah sakalir. têgên rigên minta-minta.

5. Wasis salir pakaryanipun pawestri. raratus myang wedhak. parem tapêl pupur wilis. konyoh jajampi racikan.

6. Nyumêrêpi samuwaning anggi-anggi. pon-êmpon babakan. êron ingkang maedahi, ngyêktosi kanggening karya.

7. Ngantih nênun nyulam nyongket andondomi. angraronce sekar. (m)bathik nyoga (m) babar adi. mamantês isining wisma.

8. Ngati-yati nastiti gêmi ing wadi. tan kirang tuladha. utaminipun pawestri. nulad panêngên pangiwa.

9. Ingkang lebda dudugi lawan prayogi. watara riringa. siyang dalu kang kaesthi. anut tuduhing sudarma.

10. Bilih sagêd kadya ingkang ulun angling. winiwitan mangkya. sinau wisma pribadi. pinindha ngladosi priya.

11 Bokmanawi wilujeng ing donya ngakir. punika paitan. têmbe angladosi laki. kantun pados kalangkungan.

12 Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai, Mênok rasakêna. ngandikane raden iki. tanjêbêna ing wardaya

13. Iya rama antuka pangestu yêkti. sabdaning utama. nyawabana lair-batin. bisane tampa nugraha.

14. Kawuwusa saratri tan ana guling. eca lêlênggahan. sasamben dhahar nyanyamik. wus wanci pajar gidiban.

15. Radyan matur mring ki wisma Darmajati. paman (m)bujêng enjang. mangkya kula nyuwun pamit. ayun (n)dumugekkên lampah.

16. Paman bibi sami kantuna basuki. ing sapêngkêringwang. kang sinung ngling matur aris. kula (n)dherekkên raharja.

17. Gya salaman Ki Darma ngatag ing siwi. Mênok ngabêktia. sang dyah gupuh angabêkti. radyan arum angandika.

18. Rara sira sun dongakaken ing Widdhi. tumulia krama. oleh

jodho kang prèmati, kang tulus trahing ngawirya

107