9. Miwah sabên wêdal aneng ngriki. nadyan salat Lohor. datan benter kayoman êronne. gayam nyamplung karebet waringin. sabên (ng) Garakasih. Jumngah malêmipun.
10. Kathah ingkang tirakat mariki. dupa sêkar konyoh. neng ngandhape kakajengan (ng)genne. mangga radyan mariksa ing beji. wastanipun Jibing. pasiramanipun.
11. Para arum kang samya umiring. ing jeng sang akatong. wus dumugi ing Jibing têpine.. gasik rêsik ayom silir-silir. ri-wusnya udani. Darmajati matur.
12. Sampun tapis ingkang dentingali. sumangga sang anom. aso dhatêng pun paman wismane. anêntrêmkên rapuhing kang dhiri. radyan mituruti. kérit lampahipun.
13. Ing pandhapi sampun dengêlari. pandamira abyor. ngandhap talang lenggahe rahaden. Gathak Gathuk neng emper pandhapi. Ki Darma mring panti. sanjang rabinipun.
14. Sira dhewe ngladenana nyai. Jan anakmu dhenok. ganten êsês wedang dhaharane. mengko bagda Ngisa wissa ngrakit. dhahar kang prayogi. dhayohmu linuhung.
15. Darmawati sandika tumeki. sadaya wus mrantos. Darmajati mijil ngarsa raden. datan dangu sugata lumadi. nyai aneng ngarsi. rara Mênok pungkur.
16. Gupuh matur sarwi ngacarani. punika ingkang bok. nyai amba Darmawati ranne. ingkang wingking anak amba estri. pêmbajêng (ng)gih ragil. tan na kadangipun.
17. Pun Surendra naminipun yêkti. nanging karan Mênok. kidhung wagu tur awon wamine. labêt kogung wah têbih nagari. bodhone nglangkungi. amung lothung-lothung.
18. Nyai sira ngaturna pambagi. marang ing sang anom. ingkang êmbok atur basukine. rawuhipun angger wontên ngriki. pangestunta bibi. pan inggih rahayu.
19. Nyai Darma anolih mring wuri. babo sira Mênok. ngabêktia ing suku nah angger. anyuwuna pangestu glis laki. (n)tuk jodho
pêrmati. slamêt panjang umur.
104