36. Minggah prapteng alun-alun. lir ara-ara waradin. kantun wringin kalih jajar. nulya minggah mring sitinggil. mangidul anon gapura. angongkang têpining wukir.
37. Munggul sela gamping bagus. ingukir pinatrap rêmit. margi minggah dhak-undhakan. sela gamping kang kinardi. prapteng lêbêting gapura. Ki Darma aturnya mijil.
1. Lah punika wujuding kang puri. ing Dêmak sang katong. dados kalih jêng sultan kithane. bilih rêndhèng linggar dhatêng ngriki. wit Dêmak nagari. kalêban we jawuh.
2. Yen katiga wangsul mring nagari. nuntên kang ngadhaton. Susuhunan Prawata namine. akatêlah tumêkeng samangkin. karane kang ardi. Prawata puniku.
3. Ascaryambéêg rahaden ningali. ingkang têmbing êlor. rawa wiyar ngandhaping parêden. Jir samodra sinaba ing pêksi. pelopel lan mliwis. blêkok cangak kuntul.
4. Bangothonthong pêcuk cabak trinil. rang-urangan abyor. andon mangsan mina myang urange. panjrah kadi sèkar tinon asri. wus slêsih ningali. rahadyan tumurun.
5. Amangilen mring pinggiring rawi. anon sumbêr ayom. binalumbang binatur pinggire. sela pèthak kukubuk pasagi. sajroning botrawi. ingkang pojok catur.
6. Pinasangan sela-gilang langking. winangun ambanon. botên kaclop we têbah kaote. jroning blumbang bulus agêng alit. samya belang putih. ngambang tata turut.
7. Isthanira nambrameng kana prapti. Gathak Gathuk gawok. kathik bulus samono akèhé: gêdhé cilik padha bêlang putih. iku kang nglurahi. êndhase sak gênuk.
8. Darmajati aturira aris. punika sang anom. wasta Grudha tilas siramane. sultan adi ing Demak nagari. sela-gilang langking.
palenggahanipun.
103