Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

25. Wedang kahwa gula têbu. saringên têpas kang rêsik. nyanyamikan puthu-têgal. carabikang mendut koci. sèmar mêndèm buntèl dadar. kinopyok ing santên kanil.

26. Sambel goreng kring ywa kantun. urang campurên lan ati. rambak kulite kang ayam. pêtis kang wus kok bumboni. sèga lêmês sega akas. liwèt pitik jago biri.

27. Wedang ronning blimbing wuluh. sing anyep rendhêmên warih. rêrêmikaning dhaharan. criping kaspe criping linjik. pisang goreng nganggo gula. chiping tela karag gurih.

28. Wis mangsa bodho sireku. pikirên lan bokmu nyai. aywa na ingkang kuciwa. Ki Darma lajêng mring beji. wau rahadyan kang lagya pinêtêkan abdi kalih.

29 Ngandika mring Gathak Gathuk. sira mau muni tobil. banjur mlongo kêdhèp têsmak. Gathuk matur wontên janmi. wanodya warna yu endah. arsa tumamèng ing beji.

30. Tan dangu cangkelak wangsul. kilap wau purugneki. amung tilase lumampah (ng)ganthèng kadya lintang ngalih. kintěn kula waranggana. apèsipun putraning jim.

31. Kendel dennira umatur. praptane Ki Darmajati, nyakėti lènggahnya radyan. saha aturira aris. dhuh risang nêmbe kawuryan. kula anggèr nilakrami

32. Pundi pinangka sang bagus. sintên sinambating wangi. rahadyan arum ngandika. kula aran Jayengrêsmi. santri nagri Surapringga. saking umiyat Marapi.

33. Paman punapi pilingguh. lan sintèn ingkang wawangi. Darmajati nama kula. lurahing Prawata ngriki. bilih kaparênging karsa. kawula aturi kampir.

34. Dhumateng ing sudhung ulun. paman kalangkung prayogi. menggah dhepokipun paman. gapura ingkang kaeksi. o raden dede punika. tilas karaton Jêng Gusti.

35. Sultan ing Demak karuhun. paman ulun ayun uning. patilasaning ngawirya. wawi kula kang umiring. linggar saking ing

patirtan. Ki Darma lumakyeng ngarsi.

102