15. Awijang bebaunipun. asta anggandhewa gadhing. wiraga nênangi brangta. yen lumampah ngati-yati. ririh alon mêmbat madya. lambung mêmês kadyangganing.
16. Tunjung lumembang ing ranu. kasilir ing angin-angin. wasis saliring pakaryan. kang winajibkên pawestri. sang dyah tumutur ing rama. mring têgal arsa ngundhuhi.
17. Lombok terong pare timun. kacang ceme myang kacipir. Jumampah aneng ing ngarsa. kasorot ing Sang Hyang Rawi. mangu-mangu Sang Hyang Surya. denyarsa tumameng wukir.
18. Kasêngsêm miyat sang ayu. dumadya mandhèg tumolih. sang dyah rara kampir sêndhang. têkeng satêpining warih. cangkelak wangsul trataban. ênar-ênar sênig-sênig.
19. Kapanggih ing ramanipun. sarya awacana manis. rama aku tur uninga. ing kono têpining beji. ana wong anyar kawuryan. linggih slonjor dipêtêki
20 Baneke kang mêtêk ngidung. Kinanthi siji nyenggaki. Ki Darmajati tatanya. dhenok jalu apa estri. èmbuh rama ora tamat. ki Jurah (ng)guguk lingnya ris.
21. Heh bokne Nok den agupuh. maranga têgal pribadi. kalawan atmajanira. sawuse sira ngundhuhi. apa saisining regal. banjur olahèn kang becik.
22 Mênok angundhuha jambu. dêrsana kalawan manggis. kêpêl kokosan rambutan. dhuwêt pulih aja kari. lan dalima ingkang tuwa. jèruk kêprok salak mêdhi.
23. Pêlêm santok sêngir madu. pilihana kang matêng wit. olaha jangan bêningan. sambel jagung jangan mênir. pêcèl ayam kang kumanggang. lalaban cambah kêmangi.
24. Bêtutu ayam ywa kantun. lan gorengan ayam estri. gesek-kutug gêgêpukan. sambel brambang lalab slédri. kêkêcutan
sunthi bawang. Jawan katimun sumêrit.
101