Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

nêlm ing jagadipun. ping salikur wulan Siyam.

34. Kalamolah Musa Nabi. kala kalêbeng samodra. Sēla kaping patlikure. Nabi Yunus nalikanya. inguntal ulam lodan. Besar ping salawe nuju. Jeng Nabi kakasihing Hyang.

35. Muhkamad ingkang sinêlir. kinrutug sela wong kopar. rêntah kakalih wajane. dene kang kikrik ing petang. sabên wulan kewala. asal tanggalnya panuju. kaping tiga kaping gangsal.

36. Triwêlas nêmbêlas tuwin. salikur patlikur lawan. tanggalipun ping salawe. sami cinêgah sadaya. kalawan sangar wulan. sataun pinara catur. Pasa Sawal Dulkaidah.

37. Jumungah sangaraneki. Besar Sura lawan Sapar. Saptu Akad sangarane. Mulud Rabingulakir myang. wulan Jumadilawal. Sènen Siasa sangaripun. Madilakir Rêjêb Ruwah.

38. Sangaripun Rêbo Kêmis. Rahadyan aris ngandika. kathah têmèn perangane yen makatên kêdah tamban. datan kenging dinadak. o bagus (ng)gih-ênggihipun. kèndêl dennira raosan.

39 (n)Dungkap wanci pajar gidib. samya ngambil toya kadas. nuiva prèlu wèktu Suboh. paragat dennira wekdal rahadyan ngaraspada. dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu. asung kakanthining gèsang.

32. KINANTHI

1. Kalangkung gunging panuwun. paduka sung têdah jati. pênêt awoning pakaryan wênang mokaling sanggami. kang sayogya linampahan. patut linaluri-luri.

2. Ing mangkya kawula nyuwun. lilahipun sang linuwih. pamit (n) dumugekkên lampah. kyai kantuna basuki. muhung pangestu paduka. rahayune lampah mami.

3. Dhatuk Bahni ngandika rum. dhuh mas-putu wong asigit. sampun kirang pangaksama. ulun sung puja basuki. ing lampah.

ywa kasangsaya. miwah ingkang den padosi.

99