nira, wuta adate puniki. lawan aja karêsmin. neng ngisor wit-witan iku. kang pinangan wohira. yaiku kalamun dadi. larenira panggaweyane niaya.
38. Lawan aja asanggama. malem Barahat tan bêcik. lamun dadi larenira. anandhang lara tan mari. iya kalawan malih. aja sira karon lulut. ana ing panginêpan. puniku kalamun dadi. larenira abanget cilakanira.
39. Lan aja sanggama sira. anuju kèlling pawestri. lamun dadi larenira. budhug adate kang sakit. poma Ngali den eling. imanêna tuduhingsun. eh Ngali sanggamaa. malêm Sênen iku becik. myang rinane apan iya bêcik uga.
40. Lamun dadi larenira. watêke sarêgêp ngaji. lawan sira sanggamaa. ing malèm Sêlasa bêcik. lawan raina bêcik. lamun dadi bocah iku. akeh wong ingkang trêsna. lawan sanggamaa Ngali. malem Kemis miwah arainanira.
41. Lamun dadi sutanira. pan akeh begjanireki. lawan sira sanggamaa. ing malèm Jumungah becik. nadyan raina becik. lamun dadi sutanipun. apan sugih kabisan. lan sanggamaa sireki. sadurunge lingsire dina Jumungah.
42. Utawa ing Kemis dina. karone iku ta becik. yen dadi atmajanira. dadi pangulu lan malih. sinunatakên ugi. ing wong asanggama iku. yen amaca bismilah. hirakhman ya nirakimin. lan amaca tangawut pan sunat uga.
43. Yen tan amaca bismilah. nalika arep sahwati. lamun dadi sutanira. balilu tuna kang budi. mila yen arsahwati. dêrênge (ng)génne tangawut. mênèk ana panjanmaning, satru kang den kawruhi. dipun sami ngestokken Kadis asmara.
1. Lan wontên kaol mengêti. lamun arsa sacumbana. lan garwa
miwah selire. anyingkirana ing dina. Saptu Lêgi ya aja. akarêsmen dina iku. awon adate yen dadya.
95