29. Ing wulan Sakban raharja, sakgawene nêmu becik, wulan Ramêlan duraka. kathah pandamêling eblis. wulan Sawal tan becik. geringan pakantukipun. ing wulan Dulkangidah. asring susah ngliliwati. wulan Besar raharja sasolahira.
30. Iki karêsmen winarna. kang pangandika Jeng Nabi. salalah ngalehi salam. rikala amituturi. dhatêng kang putra estri. Siti Patimah kang luhung. lawan dhadhawuh marang. putra mantu Sayit Ngali. raliyalahu nganhu babing masalah.
31. Ing wong karêsmen lan garwa. eh Ngali pituturmami. aja sira asanggama. tanggal pisan lawan malih. ing wekasaning sasi. nora becik karonipun. iku kalamun dadya. anake mêtoni cilik lawan aja asanggama tanpa damar.
32. Lamun dadi sutanira. balilu kurang kang budi. lawan aja asanggama dina Akat lan wengining, iku kalamun dadi. pan durjana Jarenipun. lawan aja sanggama. ing dina Rebo tan bêcik. lan wengine yen dadi bocah cilaka.
33. Lawan aja asanggama. wêktu pajar nora becik. lamun dadi larenira. tuna-liwat lareneki. lan aja karon rêsmi. nalika tangange iku. kalamun dadi bocah dadi juru teluh ugi. lawan aja sanggama malêm riyaya
34. Wit ri lamun dadi bocah. duraka mring bapa bibi lawan aja asanggama. malême riyaya iki. Bêsar kalamun dadi, bocah siwil adatipun. lan aja asanggama. ingkang katlorong Hyang Rawi. Jamun dadi bocah adoh bêgjanira.
35. Lan malih aja sanggama. sambi ngadeg datan bêcik. mangka lamun dadi anak. duwe lara beser benjing. Jan aja karon resmi. nalikane dina Saptu. miwah ing wêngenira. iku lamun dadi bayi. bilaine adate kalêbeng toya.
36. Lan aja sanggama sira. sambi ngusapi parêji. miwah dakar iku aja. ngusapan lawan jêjarik. mangka kalamun dadi. bocah kurang budinipun. lan aja asanggama. sambi rarasan tan bêcik. mapan bisa adate yen dadi bocah
37. Lawan aja asanggama. kalawan ningali parji. lamun dadi lare
94