21. Pindho sanga ping nêmbêlas. tèlulikur tridaseki. séluman-lanang ingaran. ping tiga sadasa tuwin. seluman-wadon puniku. kaping pat ping sawêlas. wolulas salawe nênggih. apan sami rahayu kawilujêngan
22. Kaping lima kaping rolas. sangalas nêmlikur sami. rahayu tur karaharjan. ping nêm ping têlulas tuwin. dwidasa saptakuring. ngaran pati-lanang iku. ping pitu ping patbêlas. slikur wolulikur sami. ingaranan pati wadon tan prayoga.
23. Samonoku nyingkirana. sangar naas gung myang tali. -wangke sampar-wangke miwah. dhêndhan-kukudan lan mawi. sangat adègirėki. ingkang saka awitipun. sarat nganggeya saka. dhadhap srêp têka satunggil. kang prayoga prayogine den anggeya
24 Satunggal tarubing-nata agême jêng sri bupati. kalihe seluman-lanang. tri seluman-wadon nênggih. sami datan prayogi. kaping sakawan rahayu. kaping gangsal raharja. punika sami prayogi. kaping nênêm pati-jaler tan prayoga.
25 Kaping sapta patining-dyah. ugi tan sae pinanggih. petang sapta yen sri nata. kang kagêm petang satunggil. sanese narapati petang sakawan puniku. kalawan etang gangsal. punika salah satunggil. kang kinarsan dene wulane kawinan.
26 Wonten sabdaning Utusan. adhawuh ing para mukmin. den padha angawruhana. ing wong salaki-rabi. amanggih papa nêngih. lamun awon wulanipun. raharja manggih suka. lamun sasinipun becik. prayogine den sami nyumêrêpana
27. Lamun Mukaram dohêna. tyang akawin laki-rabi. utangan ngalamatira, wulan Sapar tan prayogi. wikana kang pinanggih. Rabingulawal kang tengsu. pêjah salah satunggal. yen wulan Rabingulakir. manggung runtik tansah arebat suwala.
28. Ing wulan Jumadilawal. antuk druhakeng Hyang Widdhi. tur akêrêp kapandungan. jinahan pakartineki. yen kawêntara yêkti. anandhang wiwirang gung. Jumadilakir wulan. sugih emas
lawan picis. wulan Rêjêb kadaden anak lan dunya.
93