Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

petungan jagal. sampil siji sabau dwi sampil kikil. sampil pat sak-jung rannya.

40. Dhasar sugih kawignyan myang lantip. ya Ki Ngabdurakhman Kyagêng Sela. prayoga prêdinên jêbeng. grendanên tyasireku. sukur bage bisa nyeplési. orane mung mirida. lalabuhanipun. kajabeku patilasan. angratani dadi wasiyat narpati. sri nata Ngeksiganda.

30. SINOM

1. Mangkana tyasira radyan. dupi myarsa andikaning. Kyai Agêng Pariwara. dadya supe dhahar guling. ing nala kang kalingling. amung sihira Hyang Agung. rum manis aturira. kiyagêng lamun marêngi. dasihipun arsa dumugekkên lampah

2. Paduka kantuna arja. kawula anyuwun pamit. iya kulup hywa pepeka. ingsun nyangoni basuki. sawusnya mangênjali. sasa laman nulya mundur. Gathuk Gathak pamitan. wus linilan kalihneki. ruruntungan tan pisah lan bêndaranya

3. Ngaler ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib. prapteng Gubug padhêkahan. anon urube kang api. neng satengahing sabin. kinubêng ing mandera gung. ana panti kang cēlak. dhapur masjit cakėt api. Dhatuk Bahni ing Marapi kang atêngga.

4. Wikan lamun kadhatêngan. gya mijil sangking ing panti. wus pinanggih lan rahadyan, samya sasalaman katri. ki Dhatuk ngandika ris katabêtan ingkang rawuh. sru bêgja kemayangan. de ana kang sudi kampir. mring asonya mas putu pundi pinangka.

5. Lawan sintèn kang sinambat. paran kang sinèdyeng kapti. rahadyan matur prasaja. kula nama Jayengrèsmi. de rençang kula kalih. pun Gathak lawan pun Gathuk. ing Giri kalairan.

tan ana sinêdya ngati, ambalayang ngupadosi dwi kakadang.

90