Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

20. Banyu bumi agin lawan langit. srêngengenė kalawan rêm- bulan. punika sanake kabeh. janma kang salah iku. iya iku satrune nênggih, mulane ana lara. walat kang tinêmu. janma kang jujur punika. lanang wadon punika sanake singgih. mulane ana sawab.

21. Kang satengah kang durung sayêkti. dennya amrih budi kapandhitan. pijêr wayang-wuyung bae. tansah ngalor angidul. mêndhak-mendhak saba wong sugih. ngelmu ginawe kasab. angucap (ng)gadêbus. angincih darbeking liyan. nora wêruh awake kalêbon eblis. dadi wong ngayawara.

22. Apan cêgah jênênge ing ngelmi. kang asaba omahe nangkoda. miwah mantri apadene. lumuh kêna ing siku. dennya amrih budi lêstari. budi marang kararjan. ing beka tan keguh. bekane ing wong ngulama. pan kapencut marang ingkang mêlik-mêlik. dadine ngandhap-andhap.

23 Yen ngantiya kasor ingkang ngelmi. pan duraka jênêngé ngulama wus awak buta ragane. wus linglung kadalurung nora weruh kena piranti. tansah karya paekan. dennya anjêjaluk. datan etang jiwa raga. (m)babêntusi dennira amrih pakolih. sumrênyuh lakonira.

24 Anglakoni karyane kang denprih. iku sing wong tan wêlas ing badan. tan asih maring jisime dadi banjur kalurung. nora antuk wahyuning ngelmi. lakune lalawora. tansah wayang-wuyung. mung melik ingkang denancab. durung wêruh ing laku sikuning ngelmi. polah sadaya-daya.

25 Pangrasane wus bênêr kang ngelmi tan angrasa lamun ingesêman. marang sujanma kang luweh. iku wong kumprung pêngung. nora wikan kena piranti. sabab wus ati setan. lakune wus liwung. pangarahe tan riringa. wus kalulun atine kalêbon eblis. wus tan wruh isin wirang.

26. Apan kathah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan. amrih kuncara ngelmune. mêleké sabên dalu. tansah

agung acegah bukti. andhap-asor kalintang. eseme lir dhu

87