dul. kathah bolong kadya lenge yuyu nênggih. katutub ing lêbu lembut. tiniyub maruta katon.
33. Sadaya sami ngêmpus. lir tutuban dene têlêngipun. wontên. êleng sadandang wiyarireki. akumrangsang ungêlipun. tinindakan alon-alon.
34. Wus cèlak mêndhak sampun. lampah bocong ngambah krikil alus. warna abrit pêthak jêne anêlasih. kendêl sila dennya lungguh. rahadyan anulya jongkok.
35. Mariksa lêbêtipun. kilêng-kilêng kinclong warninipun. kadya lingsah ingkang sakalangkung wêning. swara kumrangsang saya sru. wusing anon ngandika lon.
36. Punapi marmanipun. lampah bocong Ki Jatipitutur. matur kurmat reh wus cêlak dunungneki. Prabu Anom Tunggulwulung. kadinanan ngelmi kaot.
1. Kang kilêng-kilêng kaeksi. gih punika netranira. lêbu lir awu warnane. tilas Linglung duk samana. pinantek tutukira. badan. polah siti (m) blêdug. nanging botên sagêt kesah
2. Krikil warangan puniki. kinarya nyêmêng gêgaman. toyane jram pêcêl winor. paedah ampuhe mindhak. rahadyan sampun linggar. tan pati doh nulya (n) dulu. sumber alit isi toya.
3. Nyêmêk-nyêmêk raos asin. kidul teleng kawistara. wontên gumuk mujur ngilen. kilen gumuk datan têbah. rawa lit kebak toya. ugi asin raosipun. ler kilen têlêng Kasanga.
4. Ara-ara tinon asri. sitinipun bulak pêthak. barênjul samya ing- gile. turut pinggir pupundhungan. dumugi ing ler wetan, ma- thuthuk lir wisma pingul. bênggang ajêg lir tinata.
5. Wetan têlêng tinon asri. waradin penuh thukulan. rumput mêrakan myang mendhong. têkeng kidul notok arga. tinon asri kawuryan. nglilipur ing tyas margiyuh. Ki Jati malih turira.
6. Ingriki bilih marêngi. mangsa katiga akathah sima sawêr samya manggon. asring-asring ing Kasanga. sawiyaring têlêngnya.
(m) blêdhos swara kadya gludhug. inggilnya ngungkuli arga.
80