Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

22. Karsane jawata gung, nuju dêrês jawah gumarubug, wontên rare angon sasanga kehneki. kajawahan samya ngaub. neng tutuk naga kinaot.

23. Kang wolu wus umangsuk. kang satunggal siningkang tan antuk. gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi. mêmêrang siti marentul. guwa mingkêm kadya angob.

24. Rare wolu kang ngaub. sareng samya pêjah tanpa muwus. kang satunggal wontên jawi mêrang gigir. inggal lumajêng umantuk. mring sudarma awawartos.

25. Tandya kunjuk sang prabu. sri narendra sakalangkung bêndu. gya adhawuh kinen mantek wêsi gilik. cangkêmira Jaka Ling- lung. supadi pejah ing ngênggon.

26. Wus pinantek kang tutuk. Jaka Linglung tumeka ing lampus. lah punika cariyosipun ing nguni. atatanya Gathak Gathuk.. athik ula kaya uwong.

27 Le nyêmbah niku prehpun [1] Rara Blorong kacariyos ayu. pinaesan saya wimbuh amrakati. Jaka Linglung sigit bagus. winêwahan mawi topong

28. Wong gepeng sirahipun. kados pundi kêkahe puniku, ah wong criyos wikana nyatane nguni. tamating cariyos bangun. Gathak Gathuk adan Suboh.

29. Wus samya wêktu Subuh. sabakdanya Subuh ngandika rum. Jah kiraka wawi ulun ayun uning patilasan Tunggulwulung. inggih sumangga sang anom.

30. Kula gadhah panyuwun. mrih lêstantun tan sangsayeng laku kaparênga miturut sacaraneki. kiraka hywa walang kalbu. datan nyuwalani ingong.

31. Wus kerit lampahipun. praptaing Kasanga têpinipun. siti lêbu kadi awu warnaneki. tan wontên taru kang thukul. ngilak-ilak lir sinapon.

32. Ambanon ingkang wangun. nanging mawi malengkong mangi

  1. * Prayoginipun/pripun

79