Kaca iki wis dikorèksi
mbok bilih tanggap wacana gadhah ancas supados tetiga punika saged dipun cakup sedaya, pramila pidato (tanggap wacana) dipun kempalaken tetiganipun.
PERSIAPAN PIDATO (TANGGAP WACANA)
Kados pundi rantamaning adicara tanggap wacana ingkang sampun dipun siapaken, tamtu taksih wonten thithaling saha taksih wonten kekiranganipun, bilih ingkang midangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman punika.
Ing salebeting tanggap wacana satunggaling pananggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, mbok bilih piyambakipun ugi nglumantaraken kanti wacana ingkang sae ugi.
Awit saking punika kedah dipun gatos-aken pekawis-pekawis ingkang kirang mranani penggalih dumateng para ingkang midanget.
1. Sikep sarira ingkang kirang mranani :
- Jumeneng kanti lelambaran setunggal suku.
- Jumeneng kanti suku sakelangkung rapet.
- Jumeneng kanti suku sakelangkung mekar.
- Jumeneng kanti loyo/mboten wonten semangat.
- Jumeneng kirang imbang.
- Jumeneng kanti lelendehan papan wicara.
- Ngewah-ngewah sarira.
- Jumeneng mboten kanti kapitadosan ingkang gumathok.
- Jumeneng kaku.
- Jumeneng mboten nggatosaken papan panggenan.
2. Ewah-ewahaning pasuryan ingkang kirang mranani:
- Gumujeng ingkang dipun damel-damel.
- Asring mesem.
- mBesengut.
- Tumungkul.
- Gugup.
3. Ewah-ewahaning sarira ingkang mboten mranani :
- ...
3