Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

TANGGAP WACANA (PIDATO)

Tanggap wacana (pidato) inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Ingkang gamblangipun ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud tiyang kathah punika mboten wonten batesipun, ingkang baken langkung saking sedasa kinten-kinten semanten.

Tujuanipun pidato (tanggap wacana)

Ancasipun pidato biasanipun kathah ingkang mbentenaken dados 3:

  1. Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes.
  2. Kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, utawi peparing panglipur dumateng ingkang midangetaken.
  3. Kangge nggerpol utawi mengaruhi pemanggih utawi pendirian ingkang mirengaken supados tumindak kados ingkang dipun suwun dening pamwacana.

Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged mangertos saha paham dumateng punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken pamwacana (ingkang maringi pidato).

Bilih tanggap wacana kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged rumaos rena ing penggalih.

Bilih tanggap wacana kangge mengaruhi pemanggih pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika kapitadosan pamidanget dumateng punapa ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken dumateng paunapa ingkang sampun dipun ngendikakaken saking pamicara.

mBoten ngemungaken punika kemawon, nanging

2