Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ATUR PAMBUKO

Bismillahir rochmanir rochiim

Assalamu'alaikum wr. wb.

Kanti ngunjukaken puja puji pujiastuti hing sahadap pada dateng Gusti Allah swt. ingkang sampun paring rahmat, saengga pangrepta saged ngracik rerocening tanggap wacana punika.

Kanti adedasar kasunyatan bilih basa Jawi taksih kaginakaken sebagian ageng bangsa kita, pramila pangripta tumut urun kangge njangkepi tanggap wacana ingkang taksih asring ngginakaken basa Jawi.

Ing buku punika ngemot tanggap wacana ingkang kinten-kinten taksih ngginakaken basa Jawi. Ing mliginipun ingkang taksih wonten ing alaming padusunan.

Sarehning buku punika naming ngemot pathi sarinipun tanggap wacana, pramila pangripta taksih nyuwun supados para maos, saha para para ingkang ngginakaken buku punika taksih ngimbuhi atur ingkang kinten-kinten perlu kaaturaken, awit tanggap wacana punika boten saged ewal saking papan lan kawontenan.

Minangka tutuping atur, pangripta bade tansah nampi panyaruwe tuwin pitedah saking para saderek, ingkang tumuju dumateng kula sampurnaning buku punika.

Bilahit taufik wal hidayah.

Wassalamu'alaikum wr. wb.

Wasana matur nuwun.

Pangripta.

1