Kula nderek bingah dene panjenengan saged wangsul sasampunipun ngleksanakaken ibadah haji wonten ing tanah suci. Kanthi wilujeng saha saged makempal malih wonten ing satengahing kulawarga.
Bapak-bapak, ibu-ibu lan sedherek-sedherek sedaya. Sampun sawetawis wekdal panjenengan nindakaken jemaah haji wonten ing tanah suci. Kula pitados bilih panjenengan angsal pengalaman-pengalaman ingkang dereng nate panjenengan alami wonten ing mriki. Mugi-mugi kanthi pengalaman punika panjenengan saged langkung takwa dhumateng Allah swt.
Samenika panjenengan sampun saged makempal malih kaliyan sanak keluarga. Kanthi angsal apangkat haji ingkang tansah nambah tawakal panjenengan saha saged ngamalaken dhumateng masyarakat, bangsa negara lan agama.
Akhirul kata, kula cekapi atur kula, mugi-mugi panjenengan tansah pinaringan berkahing Pangeran, saged wangsul malih dateng keluwarga kanthi tentrem lan sejahtera. Ugi amal panjenengan saged dipun tampi wonten ngarsaning Allah swt. pikantuka rahmating Pangeran saha haji panjenengan punika haji mabrur.
Matur nuwun.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
TANGGAP WACANA PAMBUKA PAKEMPALAN WONTEN ING RESEPSI
Assalamu'alaikum wr. wb.
Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh sedaya ingkang dahat kinurmatan.
Saderengipun kula atas nami perkumpulan ......, ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun pangeran ingkang maha agung. Dene sampun maringi kanugrahan dhumateng kita panjenengan sami, katitik kula panjenengan sami saged makempal wonten ing gedung .....,