Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

lan kanthi tememen. Kanthi kebak rasa syukur dhumateng Gusti Allah swt. suka mboten wonten raos nggresula. Lan sapunika badhe ngleksanakaken panutuping rukun islam.

mBoten wonten ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan, kajawi namung donga mugi-mugi saged ngleksanani rukun islam punika kanthi slamet wilujeng mboten wonten sambekala, ugi wilujeng ngantos dumugi dalem. Mugi-mugi sageda dados haji ingkang mabrur. Semanten ugi saged sakalangkung takwa dhumateng Allah swt. Kanthi rasa syukur awit kemampuan panjenengan ingkang sampun saged ngleksanani rukun islam ingkang angka gangsal punika.

Kirang prayogi lan kirang wicaksana bilih sambutan punika kula panjang lebaraken. Pramila kula cekapi semanten kemawon atur kula. mBok bilih wonten kiranging trapsila anggen kula matur saha wonten thithaling rembag awit cupeting nalar kula. Mawantu-wantu kula tansah nyuwun pangapunten.

Sepindhah malih kula nyuwun, mugi-mugi sageda dados haji ingkang mabrur.

Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu'alaikum wr. wb.

Nuwun !

TANGGAP WACANA NYAMBUT RAWUHING JEMAAH HAJI

Bissmillahir nochmanir rochiim

Assalamu'alaikum wr. wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para sedherek ingkang kinurmatan. Puja puji pudyastuti amung kagem ngersanipun Gusti Allah swt. ingkang taksih paring berkah pangestu taufik saha hidayah dhumateng kita sadaya, saengga kita taksih saged makempal wonten ing .....mriki.

Bapak-bapak, ibu-ibu lan sederek-sederek sedaya.

35