Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kita saged ngraosaken kados pundi raosipun tiyang-tiyang ingkang gesangipun tansah kekirangan. Pramila ing dinten riyadi punika Allah mrentahaken dhumateng umat ipun supados ngedalaken zakat pitrah kangge sedereksederek kita ingkang kekirangan.

Zakat pitrah ngresiki dosa kita tumraping umat ingkang mampu. Saliyanipun punika mbenjang-enjang kula suwun kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinurmatan kersaa ngrawuhi sholat ied wonten ing daya kemawon mboten wonten kuciwanipun. Lan saderengipun tindak dhateng sholat ied kula suwun dhahar enjang rumiyin. Lare istri ingkang nembe wulanan ugi kasuwun rawuh midhangetaken khotbah.

Kula kinten atur kula kula cekapi semanten rumiyin mugi-mugi kita saged mrayakaken dinten riyadi kanthi remen, sahakebak ketakwaan dhumateng allah swt.

Wasana bilahit taufik wal hidayah, wassalamu'alaikum wr. wb.

TANGGAP WACANA PAMBUKA DINTEN IEDUL ADHA

Assalamu'alaikum wr. wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, sederek-sederek kaum muslimin wal muslimat ingkang satuhu bagya mulya.

Pudya puji syukur alhamdulillah mugi kunjuk ing ngarsaning Allah swt. ingkang sampun paring berkah saha hidayah dhumateng kita, bilih ing dalu punika kula panjenengan sami saged makempal wonten ing wonten ing ........, kangge angregengaken dinten ageng umat islam dinten iedul adha utawi idhul kurban.

Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum muslimin wal muslimat dinten ari raya idhul kurban punika mengeti rikala kanjeng Nabi Ismail a.s. dipun sembelih tiyang sepuhipun inggih punika kanjeng Nabi Ibrahim a.s. minangka pa-

ngujining Allah swt. dhumateng kanjeng Nabi Ibrahim a.s. kaliyan putranipun Ismail. Kados pundi ketakwaan

33