ti wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung Allah SWT ingkang sampun paring taufik saha hidayah. Dene ing wekdal punika kula panjenengan taksih pinaringan kasugengan saha karaharjan, saged pinanggih wonten ing masjid mriki, saperlu ngawontenaken pepanggihan nyambut dinten riyadi punika.
Kados sampun kita mangertosi bilih mbenjang enjang, umat islam ing saindenging nusantara bade ngawontenaken dinten ingkang ageng dinten ingkang kebak kabagyan tumrapipun umat islam inggih punika dinten riyadi utawi idhul fitri. Satunggaling dinten ingkang a geng tumrapipun umat islam ingkang dipun regengaken kanti kebak rasa syukur dhumateng Allah swt. saha ngagungaken asma Allah swt.
Allahu akbar Allahu akbar Allahu akbar, La illaha ilallahu Allahu akbar ......., Allahu akbar Farila ilhamd. Kanthi ngagungaken asma Gusti, mboten wonten Gusti ingkang kula panjenengan sembah kajawi namung Gusti Allah piyambak.
Idhul fitri ingkang maknanipun idhul inggih punika wangsul, saha fitrah suci. Sasampunipun nindakaken siam ingkang dangunipun setunggal wulan minangka rukun islam ingkang kedah dipun tindakaken.
Pramila kanthi wontenipun dinten ageng tumrapipun umat islam. Monggo sesarengan kula panjenengan sami tansah nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah swt. supados dosa kulalan dosa panjenengan sageda lebur ing dinten riyadi punika kanthi mucap: Tababalallhu mina wa minkum ...., mugi-mugi Gusti Allah kersa maringi ngapura dhumateng kula panjenengan sekaliyan lumantar ing dinten riyadi punika.
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha saderek kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya. Sampun setunggal wulan kula panjenengan sami nindakaken ngibadah siam. Kita saged ngraosaken kados pundi raosipun mboten nedha saha ngunjuk sadangunipun setunggal dinten, saha saged nahan hawa nepsu. Pramila
32