Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

TANGGAP WACANA PAMBUKA MENGETI DINA MAULID NABI

Assalamu'alaikum wr. wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan.

Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing Masjid ........... mriki.


Ing dalu (dinten) punika tanggal 12 Rabiulawal th......utawi tanggal ...... wulan ...... tahun........masehi. Kita saged makempal wonten ing Masjid .....mriki, ingkang saperlu maulid Nabi junjungan kita panjenenganipun Nabi Agung Muhammad SAW. Rosullullah panutan umat Islam.

Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi ageng Muhammad SAW ing masjid mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ing masjid......mriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dumateng agami Islam minangka pitedah kebahagiaan agesang wonten ing ngalam donya dumugi akhirat.

mBoten langkung kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para muda sanak sederek ingkang sampun mbiyantu ngenthengaken saha tumut ngrigenaken pengetan Maulid Nabi menika, kula minangka panitia penyelenggara mboten saged ngaturaken punapa-punapa kajawi pudya pudyastuti dhumateng Pangeran Allah SWT mugi amal lan kesaenan panjenengan angsal piwales ingkang sak murwatipun.

Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun wedaraken Bp. Mubalegh ..... saking .....

Kula kinten menggah atur pambuka kula cekapi se-

28