Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufik saha hidayah, katitik kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika.

Kula minangka ketua ....... ngaturaken sugeng warsa enggal 1 Januari 19.... wanci jam 00.00, mangke kita sampun nilaraken tahun 19......, tumuju tahun 19.......

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kula kurmati. Kanthi gantosing tahun enggal ateges umur kula panjenengan sami tambah setungal tahun, semanten ugi gunggunging umur ingkang sampun dipun wewaleraken dening Gusti allah SWT. sampun kirang setunggal tahun.

Salebeting setunggal tahun, kula penjenengan sami sampun nindakaken sedayaning tumindak ingkang sampun boten saged kula penjenengan sami ewahi malih, sagedipun namung metani. Pundi tumindak ingkang sae lan pundi tumindak ingkang awon. Kanthi metani sadaya tumindak punika kita saged nemtokaken, ingkang pundi tumindak ingkang wajib kula panjenengan sami tiru, lan ingkang pundi tumindak ingkang kedah dipun tinggalaken

Pengalaman lan kedadosan-kedadosan ingkang satung gal tahun kula panjenengan sami tindakaken saged kapetik, pundi tumindak ingkang pinuji kangge ningkataken pengabdian saha tandang tanduk ingkang pinuji ing bebrayan saha pinuji ing Pangeran.

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Mbok bilih anggen kula mimpin utawi ngesuhi para panjenengan sami katah klenta-klentunipun. Awit kula naming titah sawantah ing kang boten kintun nyandhang kalepatan kula namung saged nyuwun samodra pangaksami ingkang tanpa pepindhan.

Ing pungkasanipun atur, muga sesami nyenyuwun dhumateng Pangeran ingkang Maha Wikan, mugi-mugi ing tahun-tahun benjang kula panjenengan sami saged angsal taufik saha hidayah, sentosa lahir batin. Mugimugi ing tahun candhakipun saged langkung sekeco tinimbang tahun ingkang sampun kapengker.

Akhirulkal;am wa billahit taufik wal hidayah, Wassalamu'alaikum wr. wb. Nuwun !

27