Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula matur. Pramila kula cekapi semanten kemawon atur kula, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani kula tansah nyuwun agung- ing pangaksami. Nuwun!

Wassalamu'alaikum wr. wb.

TANGGAP WACANA UPACARA PAMETAKING LAYON

Assalamu'alaikum wr. wb.

Innalillahi wa innaillaihi roji'un.

Manungsa punika angsalipun saking Pangeran, wangsulipun dhumateng Pangeran.

Bapak-bapak, Ibu-ibu para ta'jiyah ingkang kinurmatan. Kula ingkang kajiban minangka wakilipun kulawarga ...... ingkang nembe bela sungkawa (ingkang nandhang dhukito). Ingkang sepisan ngaturaken puja-puji pudyastuti ing Gusti ingkang murbeng dumadi.

Ingkang kalihipun; Para ahli waris kulawarga....... ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para ta'jiyah sadaya ingkang sampun kersa ngrawuhi saha paring pakurmatan upacara angkatipun layon suwargi almarhum/almarhumah

Kaping tiganipun; para ahli waris kulawarga..... sadaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sedherek, pamong mitra tangga tepalih, ingkang sampun kanthi rila legawaning penggalih paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon tumrap upacara pakurmatan layon. Mugi-mugi sedaya sih kadarman lan amal kesaenan panjenengan sedaya angsala piwales kanugrahaning Pangeran ingkang matikel-tikel.

Kaping sekawanipun; Para ahli waris nyuwun gungan donga pujinipun para ta'jiyah sadaya mugi-mugi rohipun almarhum/almarhumah .... angsala berkat rohmating Pangeran, pinaringan jembar kuburanipun, lepas paranipun,{[rh|25}}